-->
157.230.43.150/

Lirik Dhevy Geranium - Kidung Wahyu Kolosebo (Official Chord)

LIRIK DHEVY GERANIUM - KIDUNG WAHYU KOLOSEBO









rumekso ingsun
laku nisto ngoyo woro
kelawan mekak howo
howo kang dur angkoro..


senadjan setan gentayangan
tansah gawe rubedo
hinggo pupusing jaman..


hamateg ingsun
nyirep geni wiso murko
maper hardening ponco
saben ulesing netro..


tinambaran sih kawelasan 
ingkang paring kamulyana
sang hyang jati pengeran..


jiwanggo kalbu
samudro pepuntining laku
tumuju dateng gusti
dzat kang amurbo dumadi


manunggaling kawulo gusti
krenteg ati bakal dumadi
mukti ingsun...tanpo piranti..


sumebyar ing sukmo
madu sarining perwito
maneko warno prodo
mbangun projo sampurno..


sengkolo tido mukso
kolobendo nyoto mardiko...


mugiyo den sedyo
pusoko kalimosodo
yekti dadi mustiko
sajeroning jiwo rogo..


bejo mulyo waskito
digdoyo bowo leksono
byar manjing sigro-sigro


ampuh sepuh wutuh
tan keno iso pelenuh
gagah bungah sumringah 
ndadar ing wayah-wayah..


satriyo toto sembodo
wirotomo katon sewu kartiko
kataman wahyu..kolosebo..


memuji ingsun
kanthi suwito linuhung
segoro gando arum
suh rep dupo kumelun
tinulah niat ingsun
hangidung sabdo kang luhur
titahing sang hyang agung


rembesing tresno
tondp luhing netro roso
roso rasaning ati
kadyo tiri kang suci..

kawistoro jopo montro 
kondang dadi pepadang
palilahing sang hyang wenang..


nowo dewo jawoto
tali santiko bawono
prasido sidhikoro
ing sasono asmoroloyo

sri narendro kolosebo
winisudo ing gegono
datan gingsir...sewu warso..

Post a Comment

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2